Contoh Tugas Cerpen Bahasa Jawa Entuk Jodho, Calon Bojo Bakul Burjo



Campusnesia.co.id - Video TikTok ku wingi mlebu fyp, jane wis biasa tapi bareng entuk wa soko bakul soto sing warunge tak gawe video jedag-jedug ujug-ujug atiku dadi mongkok, terharu. 

Wis sesasi kepungkur, aku gawe program sosial, kanggo umkm koyo warung sing menu masakane enak gratis tak promosike ning TikTok ku sing followerse wis sejuta luwih. 

Endorse yo mesthi tetap jalan, kanggo usaha sing rodo mapan iso promosi lewat video TikTo ku jaminan bakal fyp lan insyaallah gawe laris manis, jare netijen wis koyo pesugihan online. 

Mung wingi aku nembe kelingan, pas janjian karo Sinta arep jalan-jalan lan nonton film Mencuri Raden Saleh ning bioskop E-Plaza bar belonjo ning Superindo Sumurboto mergo ngelak tur luwih aku karo dekne mampir ning Burjo DOI 2, rodo mlebu sithik soko jalan raya. 

Mas-mase sing dodol rodo lemu, koyone usia lewat 30 tapi ketok banget yen isih jomblo. 

Biasane warung Burjo ngene iki sing nduwe wong Kuningan Jawa Barat, tapi aku yakin iki mase mesti wong jowo. 

Bareng wis ngobrol lha iyo tho, asline wong Pati, sak kecamatan meneh karo aku, sekitar pabrik Gulo Tebu Trangkil yang wis terkenal wit jaman belanda. 

Mboh piye, jarene witing tresno soko moto turun ke hati, asli koyone aku naksir. 

Mase kalem, nriman, bubur kacang ijo lan menu liyane enak tapi sayang promosine namung ngono-ngono wae babar blas ora kekinian, tak takoni nduwe IG, TikTok wae jarene ora paham, hmm eman..eman. 

Jiwa sok pahlawanku meronta ingin segera bisa membantu. 

Telung tahun iki sanajan kethoke mung luntang-lantung bisnis sak mlakune jebule wis nduwe cabang 2, siji ning Srondol sing siji ning sumurboto, yo emang ora dewekan alias hasil kerja sama karo aa herman sing asli kuningan makane rasa bubure asli tenan.

Tak sawang-sawang wonge ki jujur, jeli ndelengi potensi, mau berbagi lan ora kemaki, bojo-able pokoke.

Long short story, mergo sering ketemu lan ngobrol, jan koyone aku naksir tenan karo mase iki, aku tipikal manungso blak-blakan dadi tanpo basi-basi wis tak tekati, mbengi iki kudu confess. 

"Kang Mad.." takonku mbuka obrolan 

"Piye dek Tya?.." jawab mase kalem 

"Langsung intine wae yo mas, aku naksir karo njenengan, pripun yen awake dewe pacaran?" jane yo rodo isin, tapi aku ora pengin kesempatan iki kelewat. 

"He?...opo dek?" Respon kang Mad kebingungan.


Bersambung...


Cerpen oleh
Achmad Munandar

Artikel Terkait

Previous
Next Post »

Silahkan komen guys..
EmoticonEmoticon